Minggu, 05 Agustus 2018

Sambutan Rapat Ketua RT Bahasa Jawa

Assalamualaikum ........

Ingkang kawulo hormati sedoyo hadirin Bapak soho ...............

Langkung rumiyin, monggo sesarengan muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito, sehinggo alhamdulillah ing saat ndalu puniko kito saget sesarengan kempal wonten mriki kangge keperluan rapat musyawarah RT ingkang dalam keadaan sehat mboten wonten alangan punopo.

Bapak soho .............. hadirin ingkang kawulo hormati

Sepindah kawulo ngucapaken maturnuwun sanget atas karawuhanipun panjenengan sedoyo, ingakng sampun ngeluangaken wekdalipun ingkang berharga kangge menghadiri acara musyawarah wonten ing ngriyo puniko. Mugi langkah panjenengan dipun ridhoi dumateng Allah.

Salajengipun, kawulo nyuwun dumateng poro rawuh sedoyo bilih samangke acara rapat musyawarah monggo dipun laksanaaken kanti sae, keranten acara musyawarah sejatinipun inggih puniko ngucali coro lan kesepakatan sedoyo musyawirin. Misal wonten unek-unek nopo gagasan monggo saget dipun sampeaken, menawi wonten kritik lan sarang monggo dipun sampekan. Supados musaywarah ing saat andalu puniko saget manfaat kangge kampung kito.

Salajengipun kawulo pribadi nyuwun agungipun pangapunten, mbok menawi nompo karawuhanipun panjenengan kawulo mboten saget menghormati kanti sae, baik saking segi papan palenggaha lan sak piturute.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar